Powered by Blogger.

Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Idul Adha

Posted by Acara

Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Idul Adha


Assalamu’alaikum Wr. Wb.


Bapak-bapak, Ibu-ibu saha sadherek-sadherek kaum muslimin wal muslimat ingkang kula kurmati.


Puja-puji syukur alhamdulillah mugi kunjuk ing ngarsaning Gusti Allah SWT. ingkang sampun paring berkah saha hidayah dhumateng kita, bilih ing dalu punika kula panjenengan sami saged niakempal wonten ing…………, kangge angrengengaken dinten ageng umat Islam dinten Iedul Adha utawi idhul kurban.


Bapak-bapak, Ibu-ibu saha sadherek-sadherek kaum muslimin wal muslimat, dinten ari raya idhul kurban punika mengeti kanjeng Nabi Ismail as. dipun sembelih tiyang sepuhipun inggih punika kanjeng Nabi Ibrahim as. minangka pangujining Allah SWT. dhumateng kanjeng Nabi Ibrahim as. kaliyan putranipun Ismail. Kados pundi ketakwaan saha sih katresnanipun kanjeng nabi dhumateng Allah SWT Awrat pundi tresnanipun dhumateng pangeranipun |punapa awrat tresnanipun dhumateng putranipun. Kanjeng Nabi Ibrahim mbutekaken bilih tresnanipun dhumateng Gusti Allah SWT langkung aageng tinimbang tresnanipun dhumateng ingkang putranipun Ismail. Pramila kanthis ikhlas nabi Ibrahim as. rila ngurbanaken putranipun. Kanthi kekuasaanipun Allah SWT. pramila Isamil dipun gantos satunggaling menda domba.


Saking kedadosan punika kita saged mendet hikmahipun.


Hikmahipun, kita manungsa kedah ikhlas ngurbanaken banda sahaya ingkang dipun kersakaken Allah Swt.


Kados pundi riwayat saha kedadosanipun ngengingi kanjeng nabi Ibarahim dalah putranipun, ing samangke saged dipun midhangetaken aturipun ……….ing adicara candakipun.


Wasana atur ambuka saking kula mboten perlu kula panjangaken. Cekap samanten kemawon atur kula, akhirulkalam bilahit taufik wal hidayah


Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


Demikianlah Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Idul Adha

Related Post



Post a Comment